Oleh : Imam Robandi (Warga Surabaya)
Ora nyana, menawa Indonesia wis umur pitungpuluh sanga taun. Kabeh resik lahir batin mbangun nusa bangsa. Esuk-esuk wis padha tangi, gumrigah budhal menyang panggonan upacara. Ana sing nganggo sandhangan abang putih, ana sing nganggo sandhangan tentara utawa veteran, ana sing nganggo sandhangan adat, lan liya-liyane. Sing diucapna mung rasa syukur kagem Gusti Allah Ingkang Maha Agung, Allahu Akbar. Umure bangsane dewe wis 79 taun, nganggo semangat merdeka-merdeka. Sanadyan beda-beda asal-usule, nanging tetep siji, yaiku Indonesia. Aku nganggo sandhangan adat Surakarta, lan para ibu akeh sing nganggo sandhangan abang putih.
Atine kabeh nyawiji, sanadyan beda budaya, agama, lan sak panunggalane, kabeh kanggo Indonesia ingkang wis mardika. Mardika sak jiwa ragane kanggo mbangun kamulyaning bangsa. Para pejuang pinunjul wis mbedhah ing jaman sakmana, saiki awake dhewe sing kudu ngisi dina kamardikan ing jaman milenium, jaman kanggo anak putu. Apa wae dilakoni lan ditindakake kanggo ngisi uborampene wong urip bebarengan, hulupis kuntul baris mbangun praja, lan ora menang-menangan.
Pengetan dina kamardikan, upacara kanthi semangat mbangun bangsa lan nggedeake tekad supaya bangsane dewe makmur lan langgeng. Aja nganti kalah kara bangsa-bangsa liyane. Yen saiki penghasilan isih njomplang, maksude isih ana sing sugih banget lan isih ana sing ora nduwe banget, lan muga-muga ana taun-taun ngarep wis bisa pada makmur kabeh. Isih akeh kancane dhewe sing angel golek gawean, lan ana maneh sing jabatan apa wae wis cumepak, kari lungguh lan kepenak. Bapake lan mertuane wis nyediaake jabatan penting, kari anake lan mantune gelem apa ora, lan kancane bapake wis nanggung kabeh lan ngrewangi nganti dadi pejabat. Muga-muga taun ngarep wis ora ana maneh manungsa Indonesia sing seneng ribut-ribut, wis ora ana maneh sing seneng pasulayan. Muga-muga ormas karo parte pada akur, lan parte karo parte pada rukun kerja bareng mikirake rakyate. Isih akeh sing uripe pada kecingkrangan, nanging ana sing uripe mbuang-mbuang duit kanggo nggawa kancane sing sugih-sugih mung kanggo upacara, karo foto selfie nyambi ngguyu lakak-lakak. Iki mau dadi pengemut-emut menawa urip bareng dadi nyawiji lan ngisi kamardikan iku ora gampang. Umure negarane dhewe wis 79 tahun, iku mau dadi pratanda yen kita kabeh wis suwe anggone urip bebrayan.
Wulan Agustus pancen ana wibawane. Saking semangate, yen wis mlebu wulan Agustus kabeh kaya monggok atine, apa wae dilakokna kanggo mengeti ambal taun ana dina kemardikan. Ana padesan lan uga kutha dadi anget kahanane, apa maneh nganti ana mlaku-mlaku sehat esuk-esuk. Pager-pager pada dilabur kabeh, bendera abang putih dipasang ana tiang lan uga omah-omah. Gapura digawe ketok gagah lan warna-warni, semanger, jare wong Gombongan. Kabeh mau ndadekake suasana sangsaya grengseng lan anget.
Muga-muga wis ora ana wong srakah maneh ana ing alam mardika. Apa wae kepengin kanggo keluargane dhewe wae, lan wong liya wis ora diumani. Muga-muga ‘buta-buta galak, solahmu lunjak-lunjak, mlaku jingkrak-jingkrak’ mung ana ing tembang.
Surabaya, 17 Agustus 2024